GEGURITAN BAHASA JAWA

Geguritan yaiku asiling seni sastra kang awujud puisi jawa. Geguritan bisa keperang dadi 2 yaiku :
Geguritan gagrak anyar yaiku
Geguritan gagrak anyar uga diarani puisi jawa model anyar, ora kaiket dening patokan kaya geguritan gagrak lawas,Titikane gagrak anyar :
- Pilihan tembung kang mentes lan ringkes
- Busananing basa (purwakanthi, Dwipurwa, Dwiwasana, Seselan, lsp ).
- Wirama

Geguritan gagrak lawas Titikane geguritan gagrak lawas :
- Dumadi saka 4 gatra /6 gatra / 8 gatra
- Cacahe wanda saben gatra padha
- Guru lagune padha
- Diwiwiti nganggo tembung “sun nggurit”

Bab-bab kang digatekake nalika maca geguritan
- Penghayatan tumrap geguritan
- Teknik vokal/swara
- Penampilan

Penghayatan tumprap geguritan
- Mangerti apa isine geguritan lan kepriye swasanane saenggo bisa medhot ukara – ukarane kanthi trep
- Wirama ( dinamik ) yaiku munggah mudhune swara.
- Nada yaiku dhuwur cendheke pangucapan. Dhuwur kanggo geguritan kang isine protes karo kahanan / nduweni sifat heroik, cendek kanggo geguritan kang dhuweni sifat religious / sedih
- Tempo yaiku cepet / alone pangucapane tembung / ukara.
- Lumantar ekspresi

Teknik vokal
- Pangucapan kang cetha
- Saben tembung kudu bisa karungokake dening sing nonton kanthi cetha
- Jeda
- Maca geguritan kudu bisa ngerti kapan bisa unjal napas kanthi kepenak lan bener
- Ketahanan
- Aja nganti saya suwe  anggone maca geguritan sansaya lirih
- Kelancaran
- Aja nganti sansaya suwe anggone maca geguritan sansaya ora lancar

Penampilan
- Teknik muncul, nalika metu kang sepisan kudu mantep
- Blocking, kepriye olehe manggonake awak, apa kudu madhep penonton,mungkuri utawa campuran loro-lorone
- Setting, yaiku manfaatke piranti apa kang ana ing panggung
- Gerakan utawa pamilihe ekspresi
- Kostum utawa pamilihe sandhangan
- Pandangan mata utawa pandeloke mripat
- Konsentrasi

Carane gawe geguritan
- Nemtokake topik geguritan. Topik bisa pengalaman, gagasan, lamunan, gegayuhan, katresnan, lsp.
- Milih tembung-tembung kanggo nglairake gagasan.
- Wiwit nulis geguritan kanthi larik baka larik.
- Geguritan digawe kanthi ringkes lan mentes.
- Nliti geguritan sing wis ditulis, didandani supaya luwih becik.

Tokoh kang populer ing puisi Tegalan
- Ki Enthus Susmono
- Lanang Setiawan
- Ki Slamet Gundono
- Muhamad Hadi Utomo

Titikane puisi Tegalan
- Nganggo basa Tegalan
- Ora kaiket gatra (baris)
- Ana panganggite
- Ana irah-irahan geguritane